Gugon Tuhon #2
Gugon tuhon dibedakake dadi 3 perangan
1.Gugon tuhon salugu
2.Gugon tuhon isi wasita sinandi
3.Gugon tuhon klebu wewaler
Gugon tuhon salugu
Yaiku bocah utawa wong kang dadi panganane Bathara Kala. Miturut dedongengan bocah kang sukerta, supayane bisa waluya (sehat) lan lestari(selamat) uripe kudu diruwat ditanggapake wayang kanthi lakon “Murwakala”
Gugon tuhon isi wasita sinandi
Yaiku pitutur kang ora dilairake kanthi melok(cetha) utawa dikandhakake kanthi samesthine. Biasane kanthi tembung ora ilok.
Gugon tuhon klebu wewaler
Yaiku kapercayane wong saka sabdane utawa pangandikane leluhur, amanah saka leluhur mau kang wis nate ngalami kacilakan jalaran nindakake sawijining bab, banjur nganakake wewalar (larangan) supaya anak turune ora nindakake.
Comments